Murid-murid SMP NU Babakan, Kabupaten Cerbon durung sue nganakaken pemilian raya ketua IPNU (OSIS, red ). Pemilian ketua IPNU kang dianakaken Panitia Kusus Pemilian Raya (PKPR) IPNU SMP NU Babakan, ora kaya biasane lan umume. Yaiku madani cara-carane pemilian kepala daerah kang langsung (pilkadasung). Pemilian ketua IPNU kang digawe PKPR sampe werna rupa ambir mirip pilkadasung kang senyatane. Saben aturan pemilian dipadakaken kayadene aturan kang ana ning pilkadasung. Kayadene waya njaring lan ndaftare calon ketua, netepaken calon ketua, netepaken jadwal kampanye, jadwal nyoblos lan sejene. Ning pemilian ketua IPNU kien kang rame waya kampanye. Kanggo narik dukungan, wayane kampanye, saben calon ketua diiring murid-murid sejene, kang ndukung. Calon ketua IPNU, ditumpakaken ning gotrok, mbari diider-ideraken keliling sekolah. Terus saben calon ketua ngabal, nyampeaken maksud lan tujuane ning tengah-te...
Komentar
Posting Komentar