Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2013

Wayang Wong Cerbon Ngalami Tenar

Tontonan kang Bisa Dadi Tuntunan  Cerbon ndueni pirang-pirang jinis wayang. Salah sewijine iku wayang wong. Jaman bengen, tontonan wayang wong ana hubungane karo anane upacara adat. Wayang wong uga ndueni nile inggil kang bisa didadekaken ajaran kanggo masarakat. Nanginge miturut Kasi Kesenian Disbudparpora Kabupaten Cerbon, Uuk Sukarna SE, wayang kang ndueni nile inggil, kayane mulai mlorod. Sebab wong jaman sekien luwih mentingaken riya-riyane tenimbang ngresepi nile-nile kang inggile.      Uuk nyebutaken, wayang wong iku rupa sewijine macem jinis wayang kang ana ning Cerbon. Anane atawa tenare wayang wong ning Cerbon sing awit taun 1931. Iku wujud usahane para dalang lan penjoged topeng kang nggulati bentuk anyar kanggo ngindari penonton kang ngrasa bosen.       “Ceritane dijukut sing cerita Mahabarata lan Ramayana. Kang dadi lakone rupa wong. Wong kang dadi lakon wayang dituntut ndueni kepinteran njoged, nirukaken laku lamp...