Ngajaraken Murid Nile Demokrasi
Murid-murid SMP NU
Babakan, Kabupaten Cerbon durung sue nganakaken pemilian raya ketua IPNU (OSIS,
red). Pemilian ketua IPNU kang
dianakaken Panitia Kusus Pemilian Raya (PKPR) IPNU SMP NU Babakan, ora kaya
biasane lan umume. Yaiku madani cara-carane pemilian kepala daerah kang
langsung (pilkadasung).
Pemilian ketua IPNU kang
digawe PKPR sampe werna rupa ambir mirip pilkadasung kang senyatane. Saben
aturan pemilian dipadakaken kayadene aturan kang ana ning pilkadasung. Kayadene
waya njaring lan ndaftare calon ketua, netepaken calon ketua, netepaken jadwal
kampanye, jadwal nyoblos lan sejene.
Ning pemilian ketua
IPNU kien kang rame waya kampanye. Kanggo narik dukungan, wayane kampanye, saben
calon ketua diiring murid-murid sejene, kang ndukung. Calon ketua IPNU,
ditumpakaken ning gotrok, mbari diider-ideraken keliling sekolah. Terus saben
calon ketua ngabal, nyampeaken maksud lan tujuane ning tengah-tengah lapang
sekolahan ditonton kabeh murid SMP NU Babakan.
Miturut Ahmad Sanusi,
guru kang mbina IPNU SMP NU Babakan, anane pemilian raya kang madani
pilkadasung, iku tujuane ngenalaken nile pendidikan demokrasi maring murid-murid.
“Kang jelas kita guru-guru pada ndukung. Kerana pada karo salah sewijine
cita-cita pendidikan SMP NU Babakan. Yaiku ngebentuk murid-murid kang ndueni
watek bagus ning tengah-tengah masarakat,” jare Sanusi ning Radar.
Jare guru kang lagi
sekolah S2 ning IAIN Syekh Nurjati kien nyebutaken, yen pemilihan raya iku
proses mbentuk generasi pengurus Ikatan Pelajar Nahdlatul Ulama (IPNU) ning SMP
NU Babakan atawa ketua OSIS ning sekolah umume. Sejene kuen, murid-murid bisa
ngrasakaken pilkadasung kayadene wong-wong tua ning Pilgub Jabar. “Mugi bisa
gawe manfaat kanggo murid-murid,” Sanusi ngarepaken.
Kepala Tata Usaha (TU)
SMP NU Babakan Hadi nambahi, anane pemilian raya ambir nambah semanget
murid-murid ning organisasi. Yaiku kumpulan kang rapi, kang ndueni tujuan.
Dikarepaken uga, murid-murid dadine biasa ning hawa demokrasi. “Murid-murid NU
kudu lan wajib hukume, ngawal proses demokrasi ning Negara kita, priben bae
situasi lan kondisine,” tuture guru kang uga dadi ketua GP Ansor Babakan iki.
(hsn)
Komentar
Posting Komentar