Wayang Wong Cerbon Ngalami Tenar
Tontonan kang Bisa Dadi Tuntunan
Cerbon ndueni pirang-pirang jinis wayang. Salah sewijine iku wayang wong. Jaman bengen, tontonan wayang wong ana hubungane karo anane upacara adat. Wayang wong uga ndueni nile inggil kang bisa didadekaken ajaran kanggo masarakat. Nanginge miturut Kasi Kesenian Disbudparpora Kabupaten Cerbon, Uuk Sukarna SE, wayang kang ndueni nile inggil, kayane mulai mlorod. Sebab wong jaman sekien luwih mentingaken riya-riyane tenimbang ngresepi nile-nile kang inggile.
Uuk nyebutaken, wayang wong iku rupa sewijine macem jinis wayang kang ana ning Cerbon. Anane atawa tenare wayang wong ning Cerbon sing awit taun 1931. Iku wujud usahane para dalang lan penjoged topeng kang nggulati bentuk anyar kanggo ngindari penonton kang ngrasa bosen.
“Ceritane dijukut sing cerita Mahabarata lan Ramayana. Kang dadi lakone rupa wong. Wong kang dadi lakon wayang dituntut ndueni kepinteran njoged, nirukaken laku lampane tokoh wayange. Seteruse lakon kudu nguasani lan ngepasaken karo lenggak-lenggok lan suarane dalang. Ora kalah penting maning, lakon wayang wong kudu ndueni bentuk awak kang wis dadi kodrate,” jare Uuk nuturaken.
Gamelan kang dienggo kanggo ngiring tontonan, pada karo gamelan wayang kulit Purwa. Sementawis fungsi ki dalang sejene kanggo ngatur ning tontonan, uga dadi wong kang megang wacaan kang kudu bisa nirukaken omongane kabeh tokoh wayang.
Pada uga kaya wayang kulit Purwa, anane wong kang ngatur urut-urute wayang. Yaiku wong kang ngatur manjing metune lakon wayang. Kapan wayane maju melampa lan kapan uga kudu mundur ning sejerone tontonan. Wong kang ngatur uga dituntut nguasani lakon lan ancangan ceritane. “Makane, kebisaane dalang karo wong kang ngatur kudu seimbang,” ucape Uuk.
Luwih adoh, Uuk nyebutaken, tempat kanggo rias wayang ning guri panggung. Kanggo nata panggung tontonane ora ruwed alias seanane. Ora nganggo layar kanggo latar guri. Golongane lakon ora nganggo tata rias rai, kerana raine wis ketutup kenang kedok.
Pakean kang dienggo mirip pakean penjoged topeng, kelawan niru pakeane wayang kulit. Rias-riasan kang kanggo tambahane dipadakaken kelawan tokoh wayang kang dadi lakon. Teruse nganggo selendang ning pundak lan mahkota. “Urut-urutane tontonan wayang wong mirip karo tontonan wayang kulit purwa,” jare Uuk.
Deweke nambahaken, sebarane wayang wong ning Kabupaten Cerbon ana ning Desa Kreyo, Kecamatan Kelangenan, Desa Mertasinga, Kecamatan Gunung Jati lan Desa/Kecamatan Suranenggala. Wayang wong kang katone masih aktip ana ning sanggar Surya Negara ning Desa/Kecamatan Suranenggala. “Wayang Wong Cerbon sering dadi tontonan lan dianggep bagus. Aninge ning jaman kien durung katon kasil kang mbanggakaken. Mangkane kula, telung wulan sepisan nggelar tontonan kesenian Cerbon, kang salah sewijine wayang wong, ambir ora mati,” pungkase Uuk. (via/hsn)

Komentar
Posting Komentar