Apem lan Tawurji Kanggo Tolak Bala
Wulan Sapar Wayane Bebersih Awak Yen teka wulan Sapar, akeh wong pada percaya iku wayane usum kayawan atawa satoan pada kawin. Mangkane ning wulan Safar, baguse kanggo menusa aja nikahan. Sejene kuen, wong gen pada percaya yen ning wulan Sapar akeh blai. Ning Cerbon, yen teka tanggalan wulan Sapar, kususe ning dina Rebo wekasan, yaiku Rebo terakir ning wulan Sapar, akeh wong pada gawe apem. Mangkane ning sedawane wulan Sapar biasane wong Cerbon nganakaken telung macem, kang tenar diarani kelawan Ngapem, Ngirab lan Rebo Wekasan. Kayadene Rokayah, wong Kelurahan Perbutulan, RT 01 RW 05, Kecamatan Sumber, Kabupaten Cerbon, yen teka wulan Sapar, deweke sibuk gawe apem. Sebab akeh wong kang pesen apem lewat deweke. Kang aran apem yaiku, panganan kang digawe sing glepung beras kelawan diadon karo ragi, teruse dipai gula kinca. Biasane wong pada nambai pandan ambir krasa wangi. “Luwih kerasa enake yen dipangan waya angetan,” jare Rokayah. Mi...