Apem lan Tawurji Kanggo Tolak Bala
Wulan Sapar Wayane Bebersih Awak
Yen teka wulan Sapar, akeh wong pada percaya iku wayane usum kayawan
atawa satoan pada kawin. Mangkane ning wulan Safar, baguse kanggo menusa aja
nikahan. Sejene kuen, wong gen pada percaya yen ning wulan Sapar akeh blai.
Ning Cerbon, yen teka tanggalan wulan Sapar, kususe ning dina
Rebo wekasan, yaiku Rebo terakir ning wulan Sapar, akeh wong pada gawe apem.
Mangkane ning sedawane wulan Sapar biasane wong Cerbon nganakaken telung macem,
kang tenar diarani kelawan Ngapem, Ngirab lan Rebo Wekasan.
Kayadene Rokayah, wong Kelurahan Perbutulan, RT 01 RW 05,
Kecamatan Sumber, Kabupaten Cerbon, yen teka wulan Sapar, deweke sibuk gawe apem. Sebab akeh wong kang pesen
apem lewat deweke. Kang aran apem yaiku, panganan kang digawe sing glepung
beras kelawan diadon karo ragi, teruse dipai gula kinca. Biasane wong pada nambai
pandan ambir krasa wangi. “Luwih kerasa enake yen dipangan waya angetan,” jare
Rokayah.
Miturut Rokayah, wong Cerbon masih akeh kang percaya yen ning
wulan Sapar lamon bisa aja lelungan adoh, menggawe kang gawe petaka. Aninge Ning
wulan Sapar, wong dianjuraken kongkon akeh mbantu wong sejen, pada sedekah
kanggo anak yatim, janda lan wong tua. Gawe bagus karo wong tua, sedulur,
tangga lan batur. “Mangkane masih akeh wong kang gawe apem. Biasane
dibagi-baginang ning tangga lan batur. Intine iku sukuran ning wulan Sapar,
ambir adoh sing blai atawa bala. Istilane tolak bala,” tuture Rokayah.
Pada uga jare jurtulis Kecamatan Babakan, H Anwar Sadat.
Miturute, yen gawe apem wis dadi adat kang dianakaken masarakat Cerbon saben
wulan Sapar. Dudu siji umah bae kang gawe, aninge saben umah gawe apem.
Seteruse apem mau dibagi-baginang ning tangga.
Sejene kerana kepengen bagi-bagi, uga wong pada percaya,
ngapem kanggo tolak bala. Sebab wulan Sapar iku wayane bebersih awak nyambut
wulan Mulud. Ning endi enggon, wong Islam pada ngrayakaken dina laire Kanjeng
Nabi Muhammad SAW. “Sejene ngapem, uga ana adat Tawurji. Wur tawur ji tawur,
selamet dawa umur. Yaiku curak duit. Adat mengkenen iki sedawane ning wulan
Sapar, wong Cerbon percaya iku kanggo nolak bala,” ucape Anwar.
Ning Desa Dukuh, Kecamatan Kapetakan, yen wulan Sapar, saben
dina ana bae wong ngapem. Kang dadi tanggane pada olih kiriman apem. Sementawis
bocah-bocah kang ngrasa kurang mareki wong ngapem, pada icip-icip. “Yaiku
nicipi apem dikincai. Tapi jaman sekien sih ora kaya bengen. Soale jaman kien
kan akeh panganan enak,” jare Subandi, sewijine wong enome Desa Dukuh. Miturut
Subandi, apem iku sewijine panganan khas. (via/hsn)
Komentar
Posting Komentar